Kemuning
Kemuning,
jenengmu
Sanadyan
awak kuru, ronmu cilik tur lemu
Nalika
akeh pangmu, saya kenceng oyotmu
Ora
tau ngrasakake angluh lan lesu
Awakmu
narima lan legawa
Sanadyan
diantem udan,
Ora owah, ora kudu obah
Ronmu
nadhahi ilu kanthi eklas
Sumilire angin anggawa prahara
Ananging awakmu tahan tiba
Cilike
ronmu, ananging akeh tur lemu
Dene
akehe pangmu, anggawe kenceng oyotmu,
Rukune
unsur ing awakmu, wis dadi kodratmu
Iku
sejatose kuncining dayamu