Resensi
Serat Nalawasa-Nalasatya
Irah-irahan :
Serat Nalawasa-Nalasatya
Panganggit :
Raden Panji Suryawijaya
Panerjemah :
Soenarko H. Poespito
Kacithak ing :
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan
Kitha cithak :
Jakarta
Kacithak warsa :
1979
Cacahipun kaca :
131 halaman
Kandelipun buku :
1 cm
Ukuranipun buku :
16 cm x 21 cm
Warninipun buku : pethak, cemeng
Isinipun resensi :
Serat
Nalawasa-Nalasatya menika wonten 6 pupuh. Pupuh kaping setunggal inggih menika
Dhandhanggula, pupuh kaping kalih menika Asmarandana, pupuh kaping tiga
Megatruh, kaping sekawan Pangkur, kaping gangsal Sinom, lan pupuh pungkasan
(kaping enem) inggih menika Kinanthi.
Serat
Nalawasa-Nalasatya nyariosaken bab kekancaning Ki Nalawasa kaliyan Ki Nalastya.
Ing Gunung Semeru menika wonten desa Karangsari ingkang dipun bangun dening Ki
Nalasatya. Dene Ki Nalawasa ambangun desa ingkang dipun ambali desa
Karangtalun. Kekalih menika dados sesepuh wonten ing desanipun
piyambak-piyambak. Ki Nalasatya sampun dadosaken Ki Nalawasa kadosta kakangipun
ugi pun anggep keluwarga. Nalika Ki Nalasatya badhe njembaraken wananipun, pacul ingkang dhewekipun bekta
nyangkut wonten ing sela (watu) ingkang wonten ing andhap wit randhu alas. Sela
menika dipun icali, jebulipun ing andhapipun wonten bolongan ingkang dipun
tutup ngagem enceh. Ki Nalasatya nginten ing lebetipun wonten barang-barang
awis. Ananging Ki Nalasatya ajrih, menawi dhewekipun badhe dipun tangkep
polisi. Mila dhewekipun ngajak Ki Nalawasa supados dados seksi. Lajeng Ki Nalasatya
cariyos dening Ki Nalawasa bab menika wau. Kekalih menika lajeng tumuju wonten
ing papan kala wau. Ki Nalawasa dhawuh marang Ki Nalasatya supados encehipun
dipun bikak. Nalika dipun bikak dening Ki Nalasatya, jebulipun wonten emas
kathah wonteng riku. Kekalih menika sami kaget. Ananging Ki Nalawasa anggadhahi
niyat ingkang ala. Ki Nalawasa dhawuh marang Ki Nalasatya supados emas menika
dipun pendhet mangkih dalu kemawon nalika desa menika sampun sepen. Ki
Nalasatya sarujuk, lajeng Ki Nalasatya kondur. Saderengipun Ki Nalawasa
nitipaken emas menika marang dhemit ingkang nengga wit randhu supados boten
wonten ingkang saged mendhet emas menika kejawi Ki Nalasatya. Nalika Ki
Nalasatya sampun mlampah kondur, Ki Nalawasa mendhet sedaya emasipun. Nalika sampun
dalu, Ki Nalawasa kaliyan Ki Nalasatya dhateng papan kala wau. Ki Nalasatya
bikak sela ingkang wonten emasipun, ananging dhewekipun kaget amargi emas kala
wau ical. Ki Nalawasa lajeng nyindir lan fitnah Ki Nalasatya bilih Ki Nalasatya menika
sampun nyolong emasipun. Ki Nalasatya sedhih manahipun. Lajeng Ki Nalawasa
tindak boten ngendika menapa-menapa kaliyan Ki Nalasatya. Ki Nalasatya lajeng
mlampah kondur.
Ing sawijining dinten,
Ki Nalawasa nyariosaken sedaya marang rayinipun inggih menika Naladustha. Ki
Nalawasa gadhah ancas bilih
dhewekipun badhe lapor wonten polisi
lan ngaken rayinipun dados dhemit ingkang nengga wit randhu.
Ki Nalawasa lajeng
dhateng wonten ing kantor polisi. Dhewekipun nglaporaken, bilih Ki Nalasatya
sampun nyolong emasipun dhewekipun. Panewu
(ketuwa desa) ingkang naminipun Mas Ngabehi Wignyasastra lajeng maringi kathah
pitakenan lan dipun serat dening juru seratipun. Ki Nalawasa mangsuli
pitakenan-pitakenan kala wau. Ingkang dados perkawis awrat, seksinipun menika
dhemit. Mas Ngabehi Wignyasastra dhawuh dening Lurah langsir supados dhewekipun
mbekta Ki Nalasatya wonten riku. Ki Nalasatya dugi wonten kantor polisi. Mas
Ngabehi Wignyasatra ugi ngaturaken pitakenan-pitakenan ingkang sami kaliyan Ki
Nalawasa. Ki Nalasatya mangsuli pitakenan-pitakenan menika kanthi jujur.
Mas Ngabehi
Wignyasastra boten saged nemtokaken kaputusan ingkang kedah dipun pilih. Lajeng
dhewekipun ngaturaken perkawis menika
wonten pengadilan ingkang langkung inggil
wonten kitha. Nalika Mas Ngabehi Wignyasastra, Ki Nalawasa, Ki Nalasatya,
Naladustha lan 4 langsir dugi wonten kitha, Ki Nalawasa lan Ki Nalasatya ugi
dipun paringi pitakenan-pitakenan dening Raden Wedana Wignyapradata. Raden
Wedana Wignyapradata anggadhahi rencana bilih
dinten Senin benjing sedaya dipun aturi dugi dhateng wit randhu ingkang
turenipun wonten jin ingkang nengga.
Raden Wedana
Wignyapradata atur dhawuh marang sedaya
Panewu, Rangga, Demang supados dugi enjing-enjing sanget saha nyiapaken kajeng bakar lan rek. Nalika
sedaya sampun siyap, Naladustha ugi sampun ndhelik wonten wit randhu (dados
jin). Raden Wedana Wignyapradata atur dhawuh dening Ki Nalawasa bilih
dhewekipun kersa ngendika kaliyan
jin ingkang nengga. Ki Nalawasa lajeng ethok-ethok matur kaliyan jin. Jin menika dipun dhawuhi sumpah kedah ngendika
ingkang jujur.
Jin ngendika bilih
ingkang mundhut emas menika Ki Nalasatya. Raden Wedana Wignyapradata lajeng
dhawuh dhateng Mas Ngabehi Wignyasastra lan Rangganipun supados nggledhah
griyanipun Ki Nalasatya saha Ki Nalawasa. Emas menika dipun panggihaken wonten
ing griyanipun Ki Nalawasa. Raden Wedana Wignyapradata atur dhawuh dhateng
punggawanipun supados wit randhu menika dipun tumpuki kajeng bakar. Nalika wit
randhu menika badhe dipun obong, Ki Nalawasa lajeng ngendika jujur bilih
ingkang mundhut emas menika dhewekipun. Naladustha lajeng nyuwun pangapunten
marang sedaya kemawon. Ki Nalawasa lan Naladustha dipun penjara.
Emas menika dipun
lelang, artanipun dipun bagi tiga : kagem
pemerintah, fakir miskin, lan Ki Nalasatya. Ki Nalasatya bingah manahipun.
Raden Wedana Wignyapradata ngendika bilih setan,dhemit, menapa jin menika
sejatosipun boten saged ngendika kadosta tiyang gesang. Percaya marang
dhedhemit menika sejatosipun boten pareng.
Kekiranganipun serat :
Serat menika wonten
seratan ingkang kirang trep. Kadosta halaman 15 paragraf 1 menika wonten kata “terdapat” langkung sae “ditemukan”. Wonten ing halaman 39
paragraf 2 kalimat kaping kalih menika
wonten pemborosan bahasa (kata “akan” langkung sae dipun icali kemawon).
Lan wonten seratan ingkang kirang sae anggenipun ginakaken tanda maos, kadosta
wonten ing halaman 45 paragraf 1, miturut
kula menika sae ginakaken tanda koma (,) kemawon (bibar kata perkara). Basa
ingkang dipun ginakaken wonten pupuh menika sukar, saengga tiyang ingkang
dereng lancar basa Jawi menika boten saged mengertosi kanthi sae.
Kaluwihanipun serat :
Serat menika sampun
sae, amargi inggih wonten tegesipun kang ginakaken basa Indonesia. Dados menawi
wonten tiyang maos ingkang boten saged basa Jawi menika inggih saged
mangertosi. Serat menika saged dipun maos dening sinten kemawon antawisipun
anak-anak, mudha-mudhi, utawi tiyang sepuh. Amargi serat menika anggadhahi
piwulang bilih nepsu lan kaserakahan menika saged ngrisak kekancan ingkang
sampun dangu menapa malih sampun kadosta kluwarga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar